Pengertian Pidato Dalam Bahasa Jawa

A. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Jenis-jenis  pidhato adhedhasar yaiku:
  1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane gae pidhato

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.
  1. Salam pambuka
  2. Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes
  3. Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
  4. Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep
  5. Salam penutup

2 comments:

Silahkan tinggalkan komentar, berkomentarlah dengan bahasa yang sopan dan tidak mengandung perkataan yang buruk seperti sara, porno, saling mencaci maki, dan lain-lain.

Terima Kasih