Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts

Krama Inggil Angka Jawa 1-100


1 = Setunggal
2 = Kalih
3 = Tiga
4 = Sekawan
5 = Gangsal
6 = Enem
7 = Pitu
8 = Wolu
9 = Sanga
10 = Sedasa
11 = Sewelas
12 = Kalih welas
13 = Tiga welas
14 = Sekawan welas
15 = Gangsal welas
16 = Enem welas
17 = Pitulas
18 = Wolulas
19 = Sangalas
20 = Kalih dasa
21 = Selikur
22 = Kalih likur
23 = Tigang likur
24 = Sekawan likur
25 = Selangkung
26 = Nemlikur
27 = Pitulikur
28 = Wolulikur
29 = Sangalikur
30 = Tigang dasa
31 = Tigang dasa setunggal
32 = Tigang dasa kalih
33 = Tigang dasa tiga
34 = Tigang dasa sekawan
35 = Tigang dasa gangsal
36 = Tigang dasa enem
37 = Tigang dasa pitu
38 = Tigang dasa wolu
39 = Tigang dasa sanga
40 = Sekawan dasa
41 = Sekawan dasa setunggal
42 = Sekawan dasa kalih
43 = Sekawan dasa tiga
44 = Sekawan dasa sekawan
45 = Sekawan dasa gangsal
46 = Sekawan dasa enem
47 = Sekawan dasa pitu
48 = Sekawan dasa wolu
49 = Sekawan dasa sanga
50 = Sèket
51 = Sèket setunggal
52 = Sèket kalih
53 = Sèket tiga
54 = Sèket sekawan
55 = Sèket gangsal
56 = Sèket enem
57 = Sèket pitu
58 = Sèket wolu
59 = Sèket sanga
60 = Swidak
61 = Swidak setunggal
62 = Swidak kalih
63 = Swidak tiga
64 = Swidak sekawan
65 = Swidak gangsal
66 = Swidak enem
67 = Swidak pitu
68 = Swidak wolu
69 = Swidak sanga
70 = Pitu dasa
71 = Pitu dasa setunggal
72 = Pitu dasa kalih
73 = Pitu dasa tiga
74 = Pitu dasa sekawan
75 = Pitu dasa gangsal
76 = Pitu dasa enem
77 = Pitu dasa pitu
78 = Pitu dasa wolu
79 = Pitu dasa sanga
80 = Wolu dasa
81 = Wolu dasa setunggal
82 = Wolu dasa kalih
83 = Wolu dasa tiga
84 = Wolu dasa sekawan
85 = Wolu dasa gangsal
86 = Wolu dasa enem
87 = Wolu dasa pitu
88 = Wolu dasa wolu
89 = Wolu dasa sanga
90 = Sanga dasa
91 = Sanga dasa setunggal
92 = Sanga dasa kalih
93 = Sanga dasa tiga
94 = Sanga dasa sekawan
95 = Sanga dasa gangsal
96 = Sanga dasa enem
97 = Sanga dasa pitu
98 = Sanga dasa wolu
99 = Sanga dasa sanga
100  = Setunggal atus

Pengertian Pidato Dalam Bahasa Jawa

A. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Jenis-jenis  pidhato adhedhasar yaiku:
  1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane gae pidhato

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.
  1. Salam pambuka
  2. Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes
  3. Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
  4. Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep
  5. Salam penutup

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Ibu Suci ingkang kula hormati,
Para rencang-rencang ingkang kula tresnani,

          Minangka purwakaning atur, mangga kita sedaya aturaken puja-puji syukur dhumateng Gusti  Ingkang Maha Kuasa. Dene kita sedaya sampun pinaringan kanugrahan kesehatan jasmani lan rohani, saengga kita saged kempal dateng mriki, kagem mirengaken sesorah saking rencang kelas 9E.
          Ing ngriki kula badhe ngaturaken bab "pentinge maos buku".
Amargi saking maos buku kita saged nggladhi ilmu lan kapintuk pengetahuan ingkang kathah.
          Buku nopo wae saged kita waos, nanging kudu atur manfaat marang awakdewe. Kanyata novel, koran lan majalah kang atur manfaat. Maos buku ora mung bisa nglatih basa kang awak dewe duweni nanging bisa garai awakdewe marem.
          Ibu Suci lan rencang-rencang sedaya,
         Tiyang ingkang sregep maos buku, kedahipun saged atur manfaat marang tiyang sanes. Amargi dheweke nduweni akeh ilmu kang bisa dibagekake.
          Mekaten ingkang sadeg kula aturaken, mbok bilih wonten kelepatan lan kekurangan anggen kula matur, kula nyuwun ngapura.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb